Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 26:4 - Kitab Sutji

4 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane, supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 26:4
14 Iomraidhean Croise  

kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”


Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene: “Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud? Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika! Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel! Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!” Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,


Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan, mulane mundura sadurunge wiwit grejegan.


Aja guneman ana ngarepe wong gemblung, marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis.


Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane, supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.


Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho, wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame.


Nanging kabeh padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga dhawuhe Sang Prabu: “Sira aja padha aweh wangsulan marang dheweke!”


“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”


Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:


Nanging Sang Mikhael, panggedhening para malaekat, nalika padudon karo Iblis bab layone Nabi Musa, ora wani ngetrapake tembung panyenyamah, mung ngucap mangkene: “Kowe muga didukanana dening Pangeran.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan