Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 26:2 - Kitab Sutji

2 Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan, iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 26:2
10 Iomraidhean Croise  

Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”


Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”


Amarga padha ora gelem mapag wong Israel kalawan suguhan roti lan banyu, nanging malah ngopahi Bileam supaya nglawan lan ngipat-ipati wong Israel. Nanging ipat-ipate iku diwalik dening Gusti Allah dadi berkah.


Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi, kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang, nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.


Wong kang nglembara ninggal omahe, iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe.


Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.


Kapriye bisaku ngipat-ipati, kang ora diipat-ipati dening Gusti Allah? Kapriye anggonku nyupatani marang kang ora disupatani dening Yehuwah?


Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan