Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 24:8 - Kitab Sutji

8 Sapa kang tansah ngrantam piala, bakal kaaranan tukang ngapusi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 24:8
12 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Sang Prabu ngandika marang Simei mangkene: “Sira dhewe sumurup ing sajrone atinira marang sakehing piala kang sira tandukake marang Sang Prabu Dawud, ramaningsun, mulane Sang Yehuwah wus nempuhake pialanira iku marang sira dhewe.


Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi, tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.


Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.


awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya, lan lambene ngrembug bab kasangsaran.


Mikir kabodhoan iku marakake dosa, sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.


kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu;


ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang enggal-enggal marani piala,


Wong culika iku akal-akale ala, kang dirancang panggawe kang nistha kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh, sanadyan wong miskin iku mbelani hake.


Saka ing sira rak jumedhul wong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah, sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?


Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan