Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 24:7 - Kitab Sutji

7 Kawicaksanan iku kedhuwuren tumrap wong bodho, mulane ana ing gapura ora mbukak cangkeme.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 24:7
21 Iomraidhean Croise  

manawa aku tau ngagagake tanganku marang bocah lola, marga aku weruh wong kang mbiyantu aku ana ing saketheng,


Anake padha ora kapitulungan, padha kaidak-idak ana ing saketheng, ora ana kang mitulungi.


Salampah-lampahipun tansah kasil, pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun; sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.


Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura.


Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh, nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh.


Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur, supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.


Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan, sabab wong iku tanpa budi?


Wawasane wong kang duwe pangreten iku tumuju marang kawicaksanan, nanging mripate wong gemblung klambrangan tekan ing pungkasane bumi.


Wong gemblung iku ora pantes nglairake tembung-tembung kang apik, mendahane maneh wong luhur ngucapake tembung cidra.


Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.


Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.


Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.


yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara, kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura, sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora.


Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge, tuwin atine ngrancang prakara kang ala, yaiku sumedya murtad sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah, ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen lan marang wong kang ngelak butuh ngombe.


Wong iku padha sengit marang sapa bae kang melehake ana ing gapurane kutha, lan enek marang kang ngucapake tembung-tembung kalawan eklas.


Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakanira lan akeh cacahe dosanira, heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid, sarta kang padha nampani besel, lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.


Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan, njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha, bokmanawa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa tumitah bakal karsa paring kawelasan marang kekarene turune Yusuf.


Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan