Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 24:4 - Kitab Sutji

4 sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan, raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 24:4
16 Iomraidhean Croise  

Amarga wong Israel lan wong Lewi kudu nggawa pisungsung mligi kang arupa gandum, anggur lan lenga menyang ing kamar-kamar mau. Ing kono ana piranti-piranti papan pasucen, uga panggonane para imam kang nganakake pangibadah, apadene para jaga gapura lan pasindhen. Aku ora bakal padha ngedhagake padalemane Allahku.


Gunung parang padha diboboki digawe trowongan, mripate ndeleng samubarang kang adi.


Ing omahe wong bener ana raja-brana akeh, nanging pituwase wong duraka iku nekakake karusakan.


Sanadyan emas lan mutiara akeh, nanging kang akeh banget pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh.


Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga, nanging wong kang gemblung ngentek-entekake iku.


Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa, semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa.


Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun, uga bandha kang tetep lan kaadilan.


supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha, sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan