Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.
Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarehne sira padha nampik pangandika iki, lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwa sarta sumendhe marang wong-wong iku,
Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener, lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat; kang diandelake barang kang tanpa guna lan goroh kang diucapake, kang dikandhut kasangsaran dene kang dilairake tindak ambek siya.
Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
lan ngandika: “Heh, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowe iku mungsuhe sakabehing kayekten, apa kowe ora uwis-uwis anggonmu ngingerake Marganing Pangeran, kang lenceng iku?