Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 20:3 - Kitab Sutji

3 Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati, nanging saben wong bodho nguja kanepsone.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 20:3
17 Iomraidhean Croise  

mulane pangone Rama Abram karo pangone Lut padha grejegan. Tanah kono nalika iku dienggoni bangsa Kanaan lan Feris.


Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut: “Bok aja ana grejegan ing antarane aku lan kowe utawa ing antarane pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur.


Nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, nuli utusan wong marang Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, kadhawuhan ngaturake paring wangsulane, mangkene: “Rumput eri ing redi Libanon kengkenan manggihi wit eres ing redi Libanon kaliyan aturipun: Putra panjenengan estri kaparingna dhateng anak kula jaler dadosa semahipun. Nanging kewan-kewan wana ing pareden Libanon sami langkung ngriku, lajeng sami ngidak-idak rumput eri punika.


Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi, nanging wong wicaksana iku sabar.


Wong kang sabar iku gedhe pangretene, nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.


Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.


Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan, mulane mundura sadurunge wiwit grejegan.


Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.


Kapinteran njalari wong sabar banget, sarta kaalembana marga anggone ngapura panerak.


Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok, solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.


Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya, iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat.


Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten!


Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan