Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 2:9 - Kitab Sutji

9 Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 2:9
16 Iomraidhean Croise  

Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula.


Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula, margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.


Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.


Aku arep mulang marang kowe, dakweruhake dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.


Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.


Manawa kowe lumaku, jangkahmu bakal ora dialang-alangi, manawa lumayu, ora bakal kesandhung.


Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.


Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran, ing tengah-tengahe lurung kaadilan,


Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasna takokna dalan-dalan kang kuna-kuna, endi kang becik, liwatana, sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman. Nanging wong iku padha ngucap: Aku padha emoh liwat ing kono!


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan