amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan, lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan. Malah padha direksa ing salawase, nanging para turune wong duraka padha ditumpes.
He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.
Ing kono bakal ora ana singane, kewan galak ora bakal saba mrono tuwin ora bakal tinemu ana ing kono; mung para wong kang wus padha kaluwaran kang bakal padha lumaku ing kono,
Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, – punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.
Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.
Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.