kang dadi pangaubanku lan bebetengku, kuthaku kang santosa lan kang ngluwari aku tetamengku sarta papan pangungsenku, kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!
Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula, Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.
Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.
Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,