WULANG BEBASAN 2:6 - Kitab Sutji6 Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran. Faic an caibideil |
Mulane sira, he Ezra, miturut ing kawicaksananing Allahira, kang kokanggo pathokan, sira ngadegna panggedhe-panggedhe lan hakim-hakim, supaya padha ngakimi rakyat kabeh kang manggon ana ing sabrange bengawan Efrat, yaiku wong-wong kang padha sumurup marang angger-anggering Allahira, dene sapa kang durung sumurup iku padha sira wulanga.
Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki: