Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 2:4 - Kitab Sutji

4 manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 2:4
20 Iomraidhean Croise  

Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”


Kang banget kapengine mati, nanging ora mati-mati, kang anggone ngupaya ngluwihi wong kang ndhudhuk raja-brana kang kapendhem;


Mila kawula remen dhateng pepaken Paduka, nglangkungi mas, sanadyan ingkang murni pisan.


Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka, kadosdene ing bab sakathahing raja-brana.


Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawula nglangkungi mas utawi selaka blebekan.


Wedi marang Sang Yehuwah iku suci, lestari ana ing salawase; paugerane Sang Yehuwah iku bener, kabeh adil,


Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.


lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten, lan ngenerake swaramu marang kapinteran,


Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh, mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.


Wiwitane kawicaksanan iku: marsudia supaya oleh kawicaksanan, lan mbudidayaa oleh pangreten srana sabarang kang wus kokdarbeni.


Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.


ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.


“Kratoning Swarga iku upamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.


Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.


Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan