Sarta aku nemu bab kang ngluwihi paite pati: wong wadon kang dadi jaring, kang atine dadi jiret lan tangane dadi blenggu. Wong kang dadi keparenging Allah bakal oncat saka kang mangkono iku, nanging wong dosa mesthi kecandhak.
Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.