WULANG BEBASAN 19:3 - Kitab Sutji3 Kabodhoane wong nasarake lakune, nuli ngundhamana marang Pangeran Yehuwah. Faic an caibideil |
Pangandikane Nabi Samuel marang Sang Prabu Saul: “Tindak dalem punika boten wicaksana. Panjenengan dalem boten nuhoni dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang dipun dhawuhaken dhateng panjenengan dalem; amargi pancenipun Sang Yehuwah badhe nyantosakaken karajan dalem tumrap tiyang Israel ing salami-laminipun.
Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”