Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 18:3 - Kitab Sutji

3 Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake, sarta cacad iku dibarengi pamoyok.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 18:3
14 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah kawula, mugi miyarsakna kados punapa anggenipun sami ngremehaken kawula. Pamadanipun mugi Paduka tempahaken dhateng sirahipun piyambak saha tiyangipun sami Paduka dadosna jarahan wonten ing tanah pambucalan.


Paduka nupiksani cacad kawula, kawirangan kawula saha kanisthan kawula. Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.


Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula, anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,


Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi, nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.


Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.


Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine.


Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.


Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang, lan kang padha padu lan nacad padha leren.


Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh, nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke.


Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.


Marga saka iku kowe padha digumuni, dene kowe padha ora melu nyemplung ing blethokaning pamblasar iku uga karo wong-wong iku temahan kowe banjur padha dipitenah.


Sang Prabu banjur muntab dukane marang Pangeran Yonatan, pangandikane marang kang putra: “Anak sundel, kang murang tata! Ingsun rak wus mirsa, yen sira milih marang anake Isai lan iku kang marakake wirangira lan guwa-garbane ibunira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan