Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 17:3 - Kitab Sutji

3 Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 17:3
21 Iomraidhean Croise  

Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku; manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.


“Pancen ana papan pamelikan salaka lan papan panglimbangan emas.


Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani, kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula; batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa.


Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah, sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka.


Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah, mendahane maneh atine para anake manungsa.


Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.


Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake, malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku.


Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng, nanging Sang Yehuwah kang neter ati.


Kowi iku kanggo nglebur salaka lan prapen kanggo ngejer mas, mangkono uga wong iku dikreta-aji manut pangalembana kang ditujokake marang dheweke.


Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka, nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


“He, anaking manungsa, tumrap Ingsun turune Israel iku wus dadi taining logam; wong kabeh iku kayadene tembaga, timah putih, wesi lan timah ireng ing sajroning pawon paleburan; kayadene tai salaka.


Para wong wicaksana bakal ana sawatara kang ambruk, minangka pandadaran, panyaringan lan kanggo ngresikake wong-wong mau, nganti tumeka ing wekasaning jaman; amarga wekasaning jaman iku durung tumeka ing titi-mangsa kang wus katetepake.


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan