2 Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake, malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku.
Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter, nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.
Sing sapa ngisruhake brayate, bakal oleh angin, wong bodho bakal dadi bature wong wicaksana.
Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu, nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane.
Pilih roti garing sairis kanthi tentrem, tinimbang mangan daging saomah kanthi crah.
Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.
Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge, iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.
Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.
Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diemutake.