Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan!” Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane? Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa, iku males marang manungsa miturut panggawene?
Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”
Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.
Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.
Cacahe wong kang padha ngombe kanthi nyidhuk banjur kaparakake marang ing cangkeme iku ana telung atus, nanging liyane saka panunggalane para bala iku anggone ngombe kabeh klawan jengkeng.
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”
Kowe aja tansah umuk-umukan, aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu. Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan, lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.