Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 15:3 - Kitab Sutji

3 Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 15:3
13 Iomraidhean Croise  

Awit paningaling Yehuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhe ngluberaken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun. Gegayutan kaliyan bab punika panjenengan dalem sampun tumindak tanpa budi, milanipun wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhe tansah ngalami peperangan.”


Gusti Allah maringi katentreman kang dadi gondhelane, lan mirsani salakune.


Amarga paningale nyrambahi tekan ing pungkasane bumi, sarta mirsa apa kang ana ing sangisoring langit kabeh.


Apa dudu Gusti Allah kang mirsani dalanku, lan kang ngetang sakehing jangkahku?


Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga, lan mirsani sakehing anake manungsa;


Ilat kang sareh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawe tatuning ati.


Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.


Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.


Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan, apa Ingsun ora pirsa? – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – Apa dudu Ingsun kang ngebeki langit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.


Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel. Dene kang pitu iki tingale Sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan