Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 15:2 - Kitab Sutji

2 Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan, nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 15:2
14 Iomraidhean Croise  

Wong kang wicaksana iku ndhelikake kawruhe, nanging atine wong bodho mamerake kabodhoane.


Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane, nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.


Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan, nanging wong bodho ngetokake bodhone.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Atine wong wicaksana minterake cangkeme, lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake.


Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair, lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.


Saben sonten sami wangsul malih, sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.


Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.


Lambene wong wicaksana nyebar kawruh, nanging atine wong gemblung iku ora jujur.


Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.


Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure?


supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan, lan lambemu ngemota kawasisan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan