Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 13:9 - Kitab Sutji

9 Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar, nanging damare wong duraka bakal mati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 13:9
16 Iomraidhean Croise  

Dene anake bakal Sunparingi sataler, supaya abdiningSun Dawud tansah duwe turun ing ngarsaningSun ana ing Yerusalem, kutha kang Sunpilih kagem Ingsun, amrih asmaningSun lestari ana ing kono.


Damare wong duraka iku kerep dipateni; padha ketaman ing sangsara, sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.


nalika dilahe mayungi sirahku, sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;


Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.


Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.


Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan, nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.


Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong, nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.


Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku damare bakal mati ing wektu peteng.


Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala, damare wong duraka iku bakal mati.


Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.


Samangsa Ingsun nyirnakake sira, langit bakal Suntutupi lan lintange padha Sunpetengi. Srengenge Suntutupi mendhung dene rembulan ora bakal nyorotake sunare.


Kenging punapa dene bapa kula kedah sirna saking golonganipun, margi boten tilar anak jaler? Kula mugi sami kaparingana siti wonten ing antawisipun sadherekipun bapa kula.”


Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.


Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan