Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 13:4 - Kitab Sutji

4 Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 13:4
26 Iomraidhean Croise  

Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”


para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah, bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,


Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.


Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.


Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.


Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan.


Wong kesed ora bakal nyekel kang kaburu, nanging wong sregep bakal oleh barang kang pangaji.


Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane, sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.


Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.


Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.


Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe, marga tangane lumuh nyambut gawe.


Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.


Aku ngliwati pategalane wong kesed, lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.


Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot, lemahe katuwuhan ing lateng, sarta temboke wus rubuh.


pangucape wong kesed: “Ing dalan ana singa, ana singa ing lurung!”


Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.


He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.


Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.


“Kawula sampun cucul rasukan, punapa kawula badhe dandan malih? Kawula sampun mijiki suku kawula, punapa badhe kawula damel reged malih?”


Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun sira lan bakal damel mareming atinira ana ing tanah kang garing sarta bakal nganyarake kakuwatanira; sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan becik tuwin kaya sumber kang ora tau gawe gela.


Sapa kang bisa ngetung lebune Yakub, utawa sapa kang bisa nacahake golongane Israel? Anggonku mati muga bisaa kaya patine wong kang jujur, lan puputing uripku kayaa pupute wong iku!”


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakake kataberen kang kaya mangkono iku satemah pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge, nganti tumeka ing wekasan,


Wong mau banjur padha mangkat, nelik kutha Ai. Sawuse nelik nuli padha bali sowan ing ngarsane Sang Yusak, lan matur: “Ingkang nglurugi boten prelu tiyang sabangsa sadaya, namunga watawis tiyang kalih ewu utawi tigang ewu kemawon, ingkang mangkat mbedhah kutha Ai punika; sampun ngantos damel rekaosipun tiyang sabangsa sadaya, sami kalampahaken mrika, awit ing ngriku tiyangipun namung sakedhik.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan