Sira wus padha mluku kadurakan, kaculikan kang sira undhuh, sarta sira wus padha mangan wohing doracara, marga sira wus padha ngendelake ratanira, apadene kehing prawiranira.
Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.
Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.
Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”