Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 12:3 - Kitab Sutji

3 Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane, nanging oyode wong bener ora owah gingsir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 12:3
13 Iomraidhean Croise  

Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus, tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,


kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna, nanging wong bener iku tetales kang langgeng.


Dalane wong mursid dirata dening kabenerane, nanging wong duraka tiba marga saka durakane.


Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala, nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan.


Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.


temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan.


dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya kang wus diwulangake marang kowe, lan muga atimu kebak panuwun.


Pinujia kawicaksananmu lan pinujia kowe dhewe, dene ing dina iki kowe menggak aku saka anggonku arep ngwutahake getih lan tumindak dhewe ngupaya kabeneran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan