Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 11:9 - Kitab Sutji

9 Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme, nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 11:9
26 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”


iku supaya wong duraka aja dadi ratu, kang mesthi banjur dadi kala-jirete wong akeh.


Ora beda karo lelakone sakehe wong kang ora eling marang Gusti Allah; iku sirna pangarep-arepe;


saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun, panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.


Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane, nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.


Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni.


Wong kang ambek siya nasarake pepadhane, lan nuntun marang dalan kang ora bener.


“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


“Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine – sing padha maca padha migatekna – wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.


Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.


Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan