Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 11:4 - Kitab Sutji

4 Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani, nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 11:4
15 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.


Oleh-olehane pambudidayane kang ana ing omahe padha diangkut nganti entek kabeh ing dina bebenduning Allah.


Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi, nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati.


Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati.


Marga butarepan iku panasing atine wong lanang, samangsa males tanpa duwe rasa welas.


Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman, lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane? Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa, sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?


sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan.


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


Apa gunane oleh donya iki kabeh, yen kelangan nyawane? Lan apa kang bakal diaturake minangka ijole nyawane?


Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?


Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.


Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan