Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula, amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.
Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosa bakal kasirnakake bebarengan sarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes.
Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.