1 Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.
Timbangan lan traju kang patitis iku kagungane Pangeran Yehuwah, lan sakehe bandhul-timbangan ing kanthong iku damelane.
Bandhul timbangan rong warna, lan takeran rong warna, karo-karone iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah.
Bandhul timbangan rong warna iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah, lan traju kang cidra iku ora becik.
“Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”
Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres,