Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 10:9 - Kitab Sutji

9 Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 10:9
17 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Sumurupa, Gusti Allah ora bakal nampik wong kang temen, lan ora ngasta tangane wong kang gawe duraka.


Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.


Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran, awit Paduka ingkang kawula antos-antos.


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


Wong kang atine cidra ora bakal nemu kabegjan, kang dursila ilate bakal tumiba ing bilai.


Rasa sengit iku sanadyan katutupana ing apus, kadursilane bakal kawiyak ana ing pasamuwan.


Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak, nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.


Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.


Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet, lan sikilmu ora bakal kesandhung.


Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.


Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


Samono uga panggawe becik iku enggal kacetha, lan yen ora mangkono, iku iya ora bisa terus-terusan kaaling-alingan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan