8 Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.
Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.
wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune, lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan –
Sing sapa kedhep-kedhep mripate, iku nukulake kasusahan, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.
Wong wicaksana iku tetandho kawruh, nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.
Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.
Wong ala kejiret dening paneraking lambene, nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan.
Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane, sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.
Angger kangelan mesthi ana pituwase, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.
Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.
Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti, wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani.
Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak, wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe.
Tetembungan kang metu saka ing tutuke wong wicaksana iku sedhep, nanging lambene wong gemblung iku nguntal wong iku dhewe.
Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.