5 Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter, nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.
Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.
Berkah iku manggon ana ing sirahe wong bener, nanging cangkeme wong duraka iku ndhelikake panganiaya.
Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.
Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake, malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku.
Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge, iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.
Manawa suket ilang lan trubusane metu, sarta suket ing gunung diklumpukake,
semut iku golongan kang ora rosa, nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan,
He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.
iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.