Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 10:4 - Kitab Sutji

4 Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 10:4
19 Iomraidhean Croise  

Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”


Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter, nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.


Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan.


Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan.


Wong kesed ora bakal nyekel kang kaburu, nanging wong sregep bakal oleh barang kang pangaji.


Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.


Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.


Kesed iku marakake turu kepati, nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen.


Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, nanging ora bakal bisa ngemplok.


Aja karem turu, supaya aja tumiba ing kamlaratan, mripatmu elekna temah wareg enggonmu mangan.


Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.


Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.


Marga saka kesed, payon ambleg, lan marga saka ora cekat-ceket omah trocoh.


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan