Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 10:2 - Kitab Sutji

2 Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi, nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 10:2
15 Iomraidhean Croise  

Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani, nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.


Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati.


Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.


Oleh kasugihan srana ilat cidra iku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati.


Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan