1 Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman, Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging anak kang goblog iku gawe prihatine biyunge.
Panjenengane nganggit bebasan telung ewu, lan kidungan sewu lima.
Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman putrane Prabu Dawud, ratu ing Israel,
Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapakne nanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh.
Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.
Sing sapa duwe anak gemblung, iku prihatin, lan bapakne wong bodho sepi ing kabungahan.
Anak kang gemblung iku gawe laraning atine bapakne, lan prihatine biyunge.
Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne, padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat.
Iki uga wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda.
He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.
Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.
Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu.
Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne, nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.
Sang Kohelet iku kajaba kagungan kawicaksanan, iya paring piwulang bab kawruh marang umat. Panjenengane nenimbang, nguji lan nganggit bebasan akeh.
Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.