Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 1:6 - Kitab Sutji

6 kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang, apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 1:6
14 Iomraidhean Croise  

Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan, kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.


Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,


Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.


Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.


Ing wekasane karajan-karajan iku, manawa para wong duraka wus kebak pialane, bakal ana ratu kang madeg kang rupane sumengit tuwin kang pinter tumindak goroh.


aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


Paring wangsulane: “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,


lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.


Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwe pancadriya kang wis digladhi mbedakake kang becik sarta kang ala.


Iku kaetrapake ana ing layange kabeh, manawa ngrembug prakara-prakara iki. Layang-layange iku isi bab-bab kang angel, njalari wong-wong kang ora ngreti sarta ora kukuh imane, njungkir-balikake prakara iku mau, njalari karusakane dhewe, kayadene anggone tumindak tumrap tulisan-tulisan liyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan