3 kanggo nampani pamerdi kang marakake pinter, sarta kabeneran, kaadilan lan kejujuran,
Bareng wong Israel kabeh krungu putusaning pangadilan kang diparingake dening Sang Prabu, kabeh banjur padha wedi marang Sang Prabu, amarga padha sumurup, manawa panjenengane kadunungan kawicaksananing Allah kagem nindakake pangadilan.
Tampanana piwulanging lesane, tuwin pangandikane simpenen ing sajroning atimu.
Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.
kanggo mulang marang kowe apa kang bener lan nyata, supaya kowe bisa mangsuli kanthi patitis marang kang ngongkon kowe.
Sang Kohelet ngangkah bisane manggih tetembungan kang nyenengake lan nyerat tetembungan bab kabeneran kalawan jujur.