Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WULANG BEBASAN 1:25 - Kitab Sutji

25 malah kowe padha nyepelekake pituturku lan ora gelem nampani pepelingku,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WULANG BEBASAN 1:25
13 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Manasye lan rakyate, nanging padha ora maelu marang pangandika iku.


Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.


Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah, sarta ngremehake marang pitedahe Kang Mahaluhur,


Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir, cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.


padha emoh nampani pituturku, nanging padha nampik marang sakehe pamelehku,


Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.


Wong kang nyleweng saka dalan kang bener oleh pamerdi kang keras, dene sing sengit marang pameleh bakal mati.


sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh,


Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”


Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


Sabalimu kowe banjur padha nangis ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora mirengake panangismu sarta ora midhangetake swaramu kaya mangkono.


Ing wektu iku kowe bakal padha sesambat jalaran saka ratu pilihanmu, nanging Sang Yehuwah ora bakal paring wangsulan marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan