2 kanggo nyumurupi kawicaksanan lan pamerdi, supaya mangreti marang tembung-tembung kang ana maknane,
Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.
Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.
Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan, sabab wong iku tanpa budi?
Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.
Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.
He bocah-bocah, padha ngrungokna pamerdining bapa, lan titenana supaya kowe bisa oleh pangreten,
Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,” lan pangreten iku anggepen sanakmu,
Nilingna pamerdi, temah sira dadi wicaksana, aja sira lirwakake.
He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.