Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.”
Enggal-enggal anggone nglakoni piala, lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput; rancangane iku pangrantaming ambek siya, tuwin menyang ngendi bae parane mesthi ninggal karusakan lan gempuran.
Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? – Calathuku iki cara manungsa. –
Sang Prabu Saul sumedya nunjemake Sang Dawud ing tembok kalawan towoke, nanging Sang Dawud ngendhani panloronge Sang Prabu, temah mung ngenani tembok. Sawuse iku Sang Dawud banjur lolos lan bisa oncat ing bengi iku.