Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, semangat kawula sampun telas! Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula, ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur.
Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, mugi sampun ngendelaken kawula, sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.
Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka, awit saking panjejeping mengsah kawula; Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.
Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, diselehake kaya mangkok kothong. Panjenengane nguntal aku kaya naga, kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak, aku dibuwang.
Sakehe mungsuhmu padha ngunek-unekake kowe, padha ngeses-ngeses lan nggeget untu, ujare: “Iku wus padha daksirnakake!” “La, yaiki dina kang dakarep-arep, wus dakalami lan daksipati!”
Pangeran wus malih dadi kaya mungsuh, Israel kalebur, sakehing kedhatone karemuk, beteng-betenge padha kadadekake gempuran, kasusahan lan pasambate putri ing Yehuda kadadekake akeh.
Nanging bumi banjur ngangapake cangkeme lan nguntal marang wong-wong mau bebarengan karo Korakh, satemah grombolane padha mati, dalasan wong rong atus seket padha kamangsa ing geni minangka pangeling-eling,