Anadene Sang Yehuwah paring kawicaksanan marang Sang Prabu Suleman kaya kang kaprasetyakake marang panjenengane; dadine Sang Prabu Hiram lan Sang Prabu Suleman iku rukun, karo-karone banjur nganakake prajanjian.
Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.
Sabanjure saka ing antarane putra-putraningsun kabeh – amarga Pangeran Yehuwah wus paring ganjaran anak akeh marang ingsun – Panjenengane wus milih putraningsun Suleman supaya nglenggahi dhampar paprentahaning Pangeran Yehuwah ana ing Israel.
Sang Prabu Suleman tumuli lenggah nggentosi Sang Prabu Dawud, kang rama, ing dhampar kaprabon kang katetepake dening Sang Yehuwah, lestari anggone jumeneng, lan saben wong Israel mituhu marang pangandikane.
Sang Nata banjur seda, yaiku bareng wus pethak remane, wus sepuh ing yuswa, sugenge kebak kasugihan lan kamulyan; Pangeran Suleman kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.