Sawuse iku banjur padha nyembeleh wedhus gembel Paskah ing tanggal patbelas sasi kapindho. Para imam lan para wong Lewi padha rumangsa isin, tumuli padha nucekake awake sarta nggawa kurban obaran menyang ing padalemaning Yehuwah.
Kacarita Sang Prabu Yosia ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem. Wedhuse gembel Paskah disembeleh ing tanggal patbelas ing sasi kapisan.
Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.