Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 8:4 - Kitab Sutji

4 Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 8:4
11 Iomraidhean Croise  

Lan sira gawea pepethan kerub mas loro kang kagawe emas gemblengan, kapasanga ing pungkasane tutup pangruwatan mau.


Anggonira padha yasa dalem pasucen lan sakehe pirantine kabeh iku mituruta conto kang bakal Suntedahake marang sira.”


Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.


sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.


Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”


Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan