3 Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.
Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.