Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 8:2 - Kitab Sutji

2 “Sira kandhaa marang Harun lan tutura: Samangsa sira masang damar-damar iku, damare pitu pisan bisaa madhangi ing ngarepe padamaran.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 8:2
19 Iomraidhean Croise  

Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula.


kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi, paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho;


Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.


Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.


padamaran mas murni, damar-damare, damar kang kudu dipasang ing ndhuwure lan sapirantine kabeh, lenga kang kagawe madhangi,


karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Padamaran mas murni iku damar-damare kudu tansah dijaga ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.


Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.


Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.


Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.


Aku tumuli noleh arep meruhi swara kang mangandikani aku iku. Lan sawuse noleh, sumurup ana padamaran mas pitu.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan