Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 4:3 - Kitab Sutji

3 Kacacahna kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 4:3
27 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.


Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.


Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.


Para imam padha dicatheti ana ing dhaftar manut kulawangsane, dene para wong Lewi kang umure rong puluh taun munggah dicatheti manut kawajiban lan golongane.


Bareng nyandhak taun kang kapindho sawuse padha teka ing padalemaning Allah ing Yerusalem ing sasi kapindho, Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua putrane Imam Yozadak karo para sadhereke liyane, yaiku para imam lan para wong Lewi, apadene sakehe wong kang padha bali saka ing tawanan menyang ing Yerusalem, padha wiwit tumandang ing gawe, sarta padha matah para wong Lewi kang umur rong puluh taun sapandhuwur supaya padha ngulat-ulatake pagawean mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah.


kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.


nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.


Apa durung cukup tumrap kowe, anggonmu wus padha dibedakake dening Gusti Allahe Israel saka ing antarane umat Israel, diparengake sowan marang ing ngarsane, supaya kowe padha nglakoni ayahan ana ing Tarub Sucine Pangeran Yehuwah, sarta ngladeni pasamuwan,


“Sira padha nacahna para bani Kehat lan sira dhewekna saka ing antarane para bani Lewi, miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane.


kang umur telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, kaetunga, iya saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.


kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.


yaiku wong-wong kang umure telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.


Kang dadi bubuhane bani Kehat ana ing Tarub Pasewakan, yaiku: ngurus barang-barang kang suci pinunjul.


kang umur telung puluh taun tumeka umur seket taun, saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan, sarta ngusung barang-barang;


Nalika Gusti Yesus wiwit makarya iku kurang luwih yuswa telung puluh taun lan manut pangirane wong-wong, Panjenengane iku putrane Rama Yusuf, tedhake Eli,


Kawajiban iku dakpasrahake marang kowe, anakku Timoteus, cundhuk karo apa kang wus kawangsitake tumrap kowe, supaya marga saka kasantosakake dening wangsit iku, kowe banjur nglakoni perang kang utama kalawan ngantepi ing pracaya lan swaraning batin kang becik.


Iki tembung kang satuhu: “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”


Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan