Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:
Ana ing pasuceningSun iya para wong Lewi iku kang nduweni kawajiban jaga ana ing gapura-gapuraning Padaleman Suci; iya wong-wong iku kang kawajiban nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan kanggo bangsa iku tuwin nindakake kawajiban kanggo bangsa iku minangka anggone leladi marang bangsa iku.
Samangsa Tarub Suci mangkat, wong Lewi kang kudu ngrucati, lan samangsa leren, wong Lewi kang kudu ngadegake; manawa ana wong lumrah kang nyedhaki, kaukuma pati.
Dhuwit tebusan iku nuli ditampakake Nabi Musa marang Imam Harun lan para putrane nocogi pangandikaning Yehuwah, kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.