Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 3:3 - Kitab Sutji

3 Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 3:3
10 Iomraidhean Croise  

Wong mau uga padha kaperang-perang dening Sang Prabu Dawud dadi golongan-golongan manut para putrane Rama Lewi, yaiku Gerson, Kehat lan Merari.


Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.


Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.


nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”


Lenga jebad iku diesokake sathithik ing mustakane Rama Harun, nuli panjenengane dijebadi supaya suci.


Karodene Nabi Musa iya mundhut lenga jebad mau sathithik lan getih kang ana ing misbyah sathithik, dikepyurake ing sarira lan pangagemane Rama Harun dalah para putrane. Dadi Rama Harun lan pangagemane, para putrane dalah pangagemane padha kasucekake kalawan patrap mangkono iku.


Nanging Nadab lan Abihu wus ngajal ana ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing pasamunan ing Sinai, nalika padha nyaosake geni kang ora samesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha ora duwe turun. Mulane Eleazar lan Itamar kang nindakake kaimaman nalika Rama Harun, kang rama, isih sugeng.


Sabab angger-anggering Toret iku netepake para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairake sawuse angger-anggering Toret, iku njumenengake Sang Putra, kang wus sampurna ing salawas-lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan