Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 3:2 - Kitab Sutji

2 Asmane para putrane Rama Harun, kang pambajeng Nadab, banjur Abihu, Eleazar lan Itamar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 3:2
8 Iomraidhean Croise  

Iki golongan-golongan tedhake Imam Harun. Para putrane Imam Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Nanging Imam Nadab lan Imam Abihu anggone tilar-donya luwih dhisik tinimbang kang rama lan ora tilar putra kakung, mulane kang kadunungan kalenggahan imam yaiku Eleazar lan Itamar.


Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.


Kacarita para putrane Imam Harun, Nadab lan Abihu, padha njupuk padupane, diiseni geni sarta ditumpangi dupa. Marga saka iku dadi padha nggawa geni liya marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nyulayani kang dadi dhawuhe.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.


Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan