Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 2:2 - Kitab Sutji

2 “Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 2:2
23 Iomraidhean Croise  

Satru Paduka sami mbaung wonten ing dalem pamujan Paduka, saha sampun ngedegaken benderanipun kadamel tetenger.


Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka, kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.


Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


He sakehing wong kang manggon i ing donya, he para wong kang manggon ing bumi! Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen; samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!


mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;


Ing dina iku bakal padha kaparingan pitulungan dening Pangeran Yehuwah Allahe, sabab padha dadi kayadene pepanthaning umate, lan bakal padha dadi kaya barleyan mripating makutha kang pating glebyar, kaya mangkono kaanane ana ing tanahing Yehuwah.


nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.


Kang lumaku ana ing ngarep dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Yehuda miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Nahason bin Aminadab,


Iku nuli kasambungan golongan kang ngaub marang panji-panjine Ruben miturut bagean-bageane; kang mimpin golongan iku: Elizur bin Syedeur;


Nuli kang sumambung maneh golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Efraim miturut bagean-bageane;


Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:


Panji-panjine taler Ruben ana ing sisih kidul, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Ruben yaiku: Elizur bin Syedeur.


Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.


Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.


Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.


Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.


Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo Injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil


mangka dheweke ora ngugemi marang Sesirah, kang dadi jalarane badan sakojur saya mundhak marga saka sawabing Allah, sabab katuwak lan tinalenan dadi siji dening urat lan ros-rosan.


Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan